GEGANEP ING BASA JAWA

Geganep utawa pelengkap (komplemen) iku kalebu perangane ukara kang gunane njangkepi wasesa. Ukara kang ana geganepe iku padatan wasesane awujud tembung kriya. Mula, gunane geganep iku kanggo ngganepi tembung kriya kang ana wasesa supaya ukara ora gothang. Sanadyan padha-padha njangkepi wasesa, geganep ora padha karo lesan sebab lesan bisa didakake jejer ing ukara tanggap, nanging geganep ora bisa didadekake jejer ing ukara tanggap. Saupama bisa, ukara bakal geseh tegese. Miturut urutane, geganep dumunung ing sisih tengene utawa sawurine wasesa. Ananging yen ana ing sawurine wasesa ana lesane, geganep dumunung ing sisih tengene lesan lan ora bisa ndhisiki lesan.
1. Fajar adus kringet
J W Gg

2. Indri kemalingan motor
J W L

3. Djoko kelangan proposal
J W L

4. Krisna nangis kekejer
J W L

5. Sikilku kesandhung watu
J W L

Tembung kringet(1), motor(2), proposal(3), kekejer(4), watu(5) ing tuladha dhuwur kalebu geganep kang dumunung ing satengene utawa sawurine wasesa. Geganep ing ukara (1-5) ing dhuwur ora bisa dadi jejer kaya ing ngisor iki:

6. Kringet diadusi Fajar.
7. Motor dimalingke Indri.
8. Proposal diilangake Djoko.
9. Kekejer ditangisi Krisna.
10. Watu disandhung sikilku.

Yen dibandingake, ukara (1-5) ing dhuwur beda banget tegese karo ukara (6-10). Iku ateges geganep pancen ora bisa diowahi dadi jejer ing ukara tanggap. Beda karo lesan, sawise diowahi dadi jejer, ukarane ora owah tegese .
Tuladhane: Aris tuku mobil (mobil ing ukara iki dadi lesan), padha tegese karo
Mobil dituku Aris (mobil ing ukara iki dadi jejer).
Ananging, ukara Fajar adus kringet ora padha tegese karo kringet diadusi Fajar.
Semono uga ukara Sikilku kesandhung watu (kakiku tersandung batu),ora padha tegese karo Watu disandhung sikilku (batu disandung kakiku). Ukara Sikilku kesandhung watu ngemu teges ‘ora dijarag’ utawa ‘ora disengaja’, dene ukara watu disandhung sikilku ngemu teges ‘dijarag’.

Kajaba dumunung ing sisih tengene wasesa kaya tuladha (1-5), geganep uga bisa dumunung ing sisih tengene lesan kaya kang katon ing ngisor iki.

11. Pak Danar maringi Dik Ageng dhuwit iuran.
J W L Gg

12. Mas Wahyu nyaosi Bu Siti dhuwit susuk.
J W L Gg

13. Indri nggawakke aku manisan karika.
J W L Gg

Sanadyan ing padinan kerep tinemu ukara kaya ing ngisor iki (11a-13a), ukara kasebut kalebu ukara kang angel tinampa ing nalar. Coba ukara ing ngisor iki dijinggleng kanthi permati.
11.a. Pak Danar maringi dhuwit iuran marang Dik ageng.
12.a. Mas Wahyu nyaosi dhuwit susuk marang Bu Siti.
13.a. Indri nggawakke manisan karika marang aku.
Yen dipenggalih, apa tinemu nalar Pak danar maringi dhuwit iuran? Apa dhuwit iuran iku bisa nampa paringane Pak Danar? Sing bisa diparingi iku rak Dik Ageng, dene dhuwit iuran iku kang diparingake. Mengkono uga sapiturute.
Yen frasa dhuwit iuran (11), dhuwit susuk (12), manisan karika (13) arep didadekake lesan, tembung Kriya kang ana ing wasesa ing ukara kasebut kudu diowahi kaya ing ngisor iki.
11.b. Pak Danar maringke dhuwit iuran marang Dik Ageng.
12.b. Mas Wahyu nyaoske dhuwit susuk marang Bu Siti.
13.b. Indri nggawakke manisan karika kanggo aku.
Menawa dijlentrehke geganep iku mapane asipat tegar, yaiku langsung ana ing tengene wasesa, kalamangsa ana ing tengene lesan. Dene distribusi (urutan) mapane geganep iku:
1) J – W – Gg Arif golek gaweyan

2) J – W – L- Gg Krisna nyilihake adhine buku komik

J – W – L- Gg Pak Gun menehi Krisna permen karet

3) Geganep sing awujud tembung/ frasa Aran
Tuladha : Trias saiki wis duwe omah
Bukune Filsafat samake kertas manika coklat

4) Geganep sing awujud tembung / frasa Kriya
Tuladha : Gunadi ajar nggitar

5) Geganep sing awujud tembung/ frasa Kaanan
Tuladha : Sikape Pak Susilo malih apikan
Aten-atenane bocah kae pancen gampang-gampang angel

6) Geganep sing awujud tembung/ frasa Wilangan
Tuladha : Sapine Pak Gun saiki dadi enem
Wulan Januari bayare SPP dadi lima setengah yuta

7) Geganep sing awujud tembung/ frasa ancer-ancer
Tuladha : Mbah Maridjan seda ing Kinahrejo
Mbah Parto gerah ing griya sakit

wayang