materi kelas XII

MATERI KELAS XII
(PARIKAN LAN WANGSALAN)
PARIKAN ( prikn\ )
Parikan yaiku unen-unen rong ukara ,mawi purwakanthi, baris sepisan minangka bebuka baris kapindho minangka isi.
Tuladha:
• Wajik klethik gula jawa--------------bebuka
Luwih becik sing prasaja-------------isi
• Ana yuyu kroyok laler
Ipa telu pancen pinter

• Ngasah arit nganti landhep
Dadi murid kudu sregep

• Biyang surip tawa klobot, pethuk encik tawa roti
Uwong urip pancen abot, mula kudu ngati-ati

• Klambi putih tiba kabur
Yen wis sugih ja takabur

materi kelas XII

MACAPAT (mcpt\ )
Tembang macapat isinipun sayektos ngewrat piwulang-piwulang luhur, antawisipun arupi piwulang, pepeling, papuji, pangajak, panantang lan sanes-sanesipun.
Sekar macapat punika kejawi kaginakaken kangge medharake piwulang luhur ugi mujudaken pasemon gesanging manungsa. Saking Mijil dumugi Pocung.
1. Mijil
Tegesipun metu,miyos,mili utawi lair. Sekar mijil nggadhahi pasemon bilih menungsa wiwit ngambah alam keramean utawi donya,
2. Maskumambang
Punika pasemonipun bayi ingkang taksuh suci, saparipolahipun nyengsemaken, sarwa ngremenaken.
3. Sinom
Nggadhahi pasemon alam mudha mudhi (remaja). Pramila tembang sinom ugi nggadhahi teges si-enom.
4. Asmarandana
Kadadosan saking kalih tembung inggih punika Asmara lan dana . asamara tegesipun katresnan dene dana tegesipun weweh. Liripun sekar Asmarandana nggadhahi pasemon alaming katresnan.
5. Gambuh
Tegesipun cocok, utawi jumbuh. Liripun jumbuhing katresnan ing antawisipun putrid lan kakung.
6. Kinanthi
Tembung Kinanthi punika kedadosan saking tembung lingga kanthi pikantuk seselan in. kanthi tegesipun gandheng. Kinanthi tegesipun kagandheng utawi dipungandheng. Pasemonipun sasampunipun kapetang jumbuhing katresnan ing antawisipun putrid lan kakung tumunten kalajengaken alam palakrami.
7. Dhandhanggula
Sekar punika nggadhahi watak luwes sarta nyengsemaken.
Pasemonipun tumrap gesanging manungsa nggambaraken suasana alaming balewisma.
8. Durma
Sekar punika nggadhahi pasemon bilih alaming balewisma (rumah tangga), boten badhe uwal saking perkawis utawi masalah. Dangu utawi enggal, ageng utawi alit manungsa mesthi badhe nyandhang.
9. Pangkur
Pasemonipun bilih tiyang gesang punika sasampunipun sepuh kedah mungkur utawi nyingkir saking bebandaning pepengingan(kadonyan). Pramila menawi sampun sepuh (tuwa) wontenipun kantun tutur-tutur dhumateng para anem, dipunkathahi anggenipunnindakken ngibadah.
10. Megatruh
Megtaruh kedadosan saking tembung megat lan ruh utawi pegat lan ruh. Pasemonipun pisahing nyawa lan jasad utawi raga, liripun pejah/seda.
11. Pocung
Sekar punika nggadhahi pasemon bilih pungkasaning agesang punika seda utawi pejah. Manut adat utawi tatacara saderengipun jenazah kapetak kedah dipunpocong .


Tembang macapat nggadhahi paugeran tigang perkawis, inngih punika kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

• Guru gatra, inggih punika cacahing larik/baris saben sapada.
• Guru wilangan, inggih punika cacahing wanda(suku kata) saben sagatra/salarik.
• Guru lagu, inggih punika tibaning sawara (bunyi vokal) ing pungkasaning gatra.
Ing ngandhap punika guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang macapat.
no
Namaning tembang I II III IV V VI VII VIII IX X
1 Mijil 10.i 6.o 10.e 10.i 6.i 6.u - - - -
2 Maskumambang 12.i 6.a 8.i 8.a - - - - - -
3 Sinom 8.a 8.i 8.a 8.i 7.i 8.u 7.a 8.i 12.a -
4 Asmarandana 8.i 8.a 8.e/o 8.a 7.a 8.u 8.a - - -
5 Gambuh 7.u 10.u 12.i 8.u 8.o - - - - -
6 Kinanthi 8.u 8.i 8.a 8.i 8.a 8.i - - - -
7 Dhandhanggula 10.i 10.a 8.e 7.u 9.i 7.a 6.u 8.a 12.i 7.a
8 Durma 12.a 7.i 6.a 7.a 8.i 5.a 7.i - - -
9 Pangkur 8.a 11.i 8.u 7.a 12.u 8.a 8.i - - -
10 Megatruh 12.u 8.i 8.u 8.i 8.o - - - - -
11 Pocung 12.u 6.a 8.i 12.a - - - - - -


MIJIl
Poma kaki, padha dipun eling--------10.i
Ing pitutur ingong------------------------6.o
Sira uga satriya arane------------------10.e
Kudu anteng jatmika ing budi--------10.i
Ruruh sarta wasis------------------------6.i
Samubarangipun-------------------------6.u

materi kelas XII

WANGSALAN ( w=sln\ )
Wangsalan yaiku unen-unen mirip cangkriman, nanging batangane wis disebut ing ukarane nadyan kanthi cara sinandhi.
Tuladha :
• jenang gula, aja lali karo aku ya, Mas.
Jenang gula: glali, pramila ukara candhake ana tembung lali.
• mbalung janur, yen lara goleka usada.
Balung janur: sada, mula ukara candhake ana tembung usada.

• Kowe kok mbalung klapa ta, ketemu aku ethok-ethok ra ngerti.
Balung klapa: bathok, mula ukara candhake ana tembung ethok-ethok.

• Aja ngrokok cendhak to, senengane kok neges-neges.

• Mbalung geni, mbok menawa mengko sore sida mampir.