materi bahasa jawaku

MAHABARATA

R.Maharsi/R.Pratipa adlh ayahnya Santanu/Sentanu
Batara Janu adlh ayahnya dewi Gangga
Sentanu menikah dengan Dewi Gangga , tetapi setiap bayinya lahir selalu dibuang ke sungai Gangga, sampai 7 kali, bayi yang ke-8 tidak dibuang karena dia penjelmaan Dhayu(Wasu/gol dewa yang  jahat) karena telah mencuri sapi kehormatan bernama Nandini kepunyaan Maharsi.
 Anak itulah yg  bernama Dewa Brata/ Bisma.
Lahirnya Durgandini
Basuparicara ketika berburu ingat Dewi Girika, lalu tanpa sengaja mengeluarkan air mani, dibuang ke sungai Jamuna.  air mani itu ditangkap ikan besar lalu hamil, melahirkan 2 bayi, laki-laki dan perempuan, kemudian ikan itu menghilang, dia sebenarnya bidadari yang tengah menjalani hukuman.  Anak yang laki-laki bernama Matsyapati(Mangsahpati) sedangkan yang perempuan bernama Durgandini. Matsyapati  kelak menjadi raja Wirata, sedang Durgandini diasuh oleh Dasabala. Durgandini punya nama lain yaitu Rara Amis krn badannya yg berbau amis, setelah  disembuhkan Parasara mjd harum baunya berubah nama menjadi Sayojanagandi.
Durgandini menikah dengan Parasara mempunyai anak bernama Kresna Dwipayana Wyasa (pengarang kitab Weda dan Mahabarata)
to be continued......

materi bahasa jawaku


WARTA (BERITA)
Warta iku duweni informasi kang migunanu tumrap kang maca utawa kang ngrungokake. Mula iku anggone maca sawijining warta kudu kanthi patitis, apamaneh yen macakake  warta kanggo wwwong liya, kudu nggatekake kedal, lagu, lan pangucapan kang trep. Supaya warta iku bisa katampa dening kang ngrungokake anggone maca ja banter-banter lan  kudu nganggo sikap maca kang bener.
Para siswa bisa ndelok acara warta neng televise supaya ngerti kepriye maca warta kang apik iku. Lungguhe kanthi jejeg lan pandengane mripat ana ing ngarep. Suarane kudu cetha laqn bisa dimangerteni dening pamirenge.

Nggawe pawarta
Gawea pawarta utawa berita bab kedadeyan sing lagi wae dumadi. Upamane banjir ing Wasior, Merapi njeblug, Barrack Obama  ‘pulang kampung’, lan prastawa-prastawa liyane sing mentas bae dumadi sing kokrungu utawa sing langsung koksipati(pancen weruh dhewe). Gawenen nganggo basa padinan/dialekmu.
Dene cengkorongane kanthi prasaja kurang luwih mangkene:
1.       Apa  isine warta
2.       Sapa sing diwartakke (misale sapa sing ketaman prakara kuwi)
3.       Kedadeyane kuwi kapan
4.       Ana ing ngendi kedadeyane
5.       Geneya kok dumadi
6.       Kepriye dumadine

Materi Bahasa Jawaku

PIDHATO

1.Nuwun/assalamu'alaikum
2.a. Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah, ingkang pantes sinudarsana Bapak saha Ibu guru, ingkang kinurmatan bapak tuwin Ibu karyawan, para siswa SMAN1 Salatiga ingkang kula tresnani
   b. Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengna ngunjukaken sukur, puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Mahawikan. Imggih awit saking sih nugraha sarta berkahipun, kula lan pamjenengan saged pinanggih wonten ngriki kanthi bagya mulya, kalis ing sambekala boten kirang setunggal menapa.
   c. Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh panjenengan saged ndamel regenging swasana. Awit saking menika, kula ngaturaken agenging panuwun. Boten kesupen, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak kepala Sekolah ingkang sampun paring idi palilah murih kaleksananipun sedya pengetan ambal warsa SMA ingkang kaping....menika. Ugi kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng para Bapak saha Ibu Guru sumrambah para Karyawan ingkang kepareng paring eguh pratikel murih pratitising adicara. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng para siswa SMA1 ingkang asung mbyantu ngantos adicara punika saged lumampah.
3.a. Para bapak, Ibu, sarta kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya, kados sampun kauningan ing ngakathah bilih rikala tanggal 28 oktober 1953 srkolah punika manggen ing ngriki.
b. Dene wosing gati wigatosing perlu, panjenengna kasuwun rawuh ing pahargyan punika saperlu mengeti dinten ingkang mirunggan punika. wondene ancas ingkang kinandhut, mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ngandelaken tekad majengaken panggulawentah umumipun, ningkataken prestasi sekolah tuwin akhlakipun para siswa mliginipun.a
4.a. Menggah wedharan sajangkepipun mungguhing pengetan ambal warsa SMA1 dalah adicara kang gegayutan kaliyan pengetan punika badhe kababar dening panjenenganipun Bapak Kepala sekolah. Mugi-mugi kanthi wedharan punika mangke, mliginipun para siswa tumanggap ing karya bilih labuh lebetipun para sesepuh tuwin alumni SMA rikala semanten sanyata boten entheng. Ingkang  tundhonipun saged nglajengaken semangatipun, pangurbananipun. Boten babad wana awrat, boten ugi damel margi tumuju ing sekolah, nanging alelandhesan pikir ngukir sekolah ingkang majeng, ing babagan prestasi punapa dene akhlak
b. Awit saking punika , kula nyuwun dhumateng panjenenganipun Bapak kepala Sekolah kersaa paring wedharan pengetan ambal warsa dinten punika.
5. Ing wasana, sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara. Namung kemawon, mbokbilih lampahing adicara kirang mranani penggalih panjenengan, panitya nyuwun pangaksami. Dene kula pribadi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra.
6. Nuwun. Matur nuwun.

Tanggap wacana pengetan ing ndhuwur iku nyakup: salam pambuka, purwaka basa, surasa basa, pangarep-arep, wasana basa, lan salam panutup. Supaya wedharaning tanggap wacana bisa rancag, gangsar, lan lancar, kudu kerep gladhen luwih dhisik. dene gladhen kang sanyata kudu diwiwiti saka wedharing gagasan. Supaya wedharing gagasan bisa urut runtut, kudu digawe cengkorongane luwih dhisik.
Tuladha tanggap wacana ing ndhuwur, cengkorongane mangkene.
1. Salam pambuka
2. Purwaka basa
   a. Atur  pakurmatan
      1. Bapak Kepala Sekolah
      2. Bapak lan Ibu Guru
      3. Bapak lan Ibu Karyawan
      4. Para mitra sesama siswa
   b. Pangajak puja-puji
      1, pribadi
      2. para rawuh
   c. Atur panuwun
      1. Para rawuh
      2. Para panjurung
      3. Para panyengkuyung
3. Surasa Basa
    a. Wedharan sawetara
      1. prastawa pengetan ambal warsa
      2. Dhasaring pahargyan
    b. Wosing gati wigatining perlu
      1. Kasuwun rawuh
      2. Ancas tumapaking adicara
4. Pangarep-arep
Gegayutan karo pengetan ambal warsa
1.Nulad semangate para sesepuh lan alumni SMA
2.Njumbuhake karo jaman saiki

5. Wasana basa
    Nyuwun pangapura
    a. bab adicara
    b. bab solah bawa
    c. bab tata tembung
6. Salam penutup

Materi Bhs Jawaku

JENISING TEMBUNG

1. Tembung aran: gunung, kelurahan, kursi, lsp.
2. Tembung kriya: adus, tuku, mangan, lsp
3. Tembung  kaanan/watak: padhang, pinter, cilik, ayu, lsp
4. Tembung sesulih: aku, kowe, iku, kuwi, lsp
5. T.Wilangan: siji, loro katelu,kabeh, sawetara
6. T. sabawa: dhor, blug, krosak, hus, krompyang, lsp.
7. T.Panyilih: Si, sang, sing , kang, lsp
8. T. Pangiket: lan, karo, nanging, sebab, nalika, sanajan, yen, lsp.
9. T.ancer-ancer: ing, menyang, marang, saka, lsp
10. T katrangan: ing kene, ing ngarep, kepungkur, suwe, mentas wae, lsp.


UKARA

Manut surasane:
1. Ukara Carita : Aku mengko arep lunga menyang Sala
2. Ukara pitakon: Sapa sing ngandhani adhimu?
3. Ukara Pakon: Klambimu setlikanen dhisik!
4. Ukara pamenging: Aja pisan-pisan wani karo wong tuwa.
5. Ukara Pamuji,pangarep-arep: Mugi Gusti paring pitedah kangge kula lan panjenengan
6. Ukara pangalembana: wah lha kok saiki tambah ayu to.
7. lsp

Prabu Sentanu

Prabu Sentanu narendra ing Ngastina dhuk ing nguni kagungan klangenan mbebedhag menyang alas.Meh ora ana dina senggang, panjenengane tansah tindak mbeburu sato wana.Sawijining dina anggone mbebedhag nganti adoh pangoyaking kidang menjangan. Wusa tindake sang Prabu kesasar ing salah sawijining papan kang asri lan ngelam-lami, prenahe ing gisiking kali Gangga. Iku jebul papan palereman kanggo sumene para hapsari. Dumadakan sang Prabu uninga sawijining kenya kang banget sulistyaning warna, pindha Bathari Sri ngejawantah. Netrane kocak lindri-lindri nenggih ndamar kanginan. Dedege ngringin sungsang, kulit kuning kadi mas sinangling, waja rata lir miji timun, lathi manggis karengat, pipi nduren sajuring, lamun terus kacandra bisa kentekan ukara turah rupa.Mula saking gumune sang Prabu nganti kedhep tesmak panyawange. Kagawa banget kasengseme, tansah njejegreg pindha tugu sinukarta.

Kosok balene sang Kenya uga mengkono, awit saka kepranan dening sang bagus, panyawange nganti ndomblong tan kedhep nganti kamitenggengen. Putri mau wujude widadari kanthi kekasih Dewi Gangga iya Dewi Setyawati. Gelising crita Dewi Gangga banjur kaboyong menyang Ngastina dadi jatukramane sang Prabu jumeneng Prameswari, patutan putra wolu lanang kabeh, nanging mung urip siji kang waruju dijenengi Raden Ganggadatu utawa Dewabrata. Ing perang Baratayuda Jayabinangun jumeneng senopati mbelani para Kurawa kanthi peparap Sang Maharsi Wara Bhisma.

geguritanku


                                Salatiga,5 April 2007
KONANG-KONANG ING PUCUKING MERBABU
Dening: Anis Taflihiyah

Konang-konang iku……
Ngrenggani pucuking Merbabu 
Sumunar endah katon
Ing Lingsir wengi nganti tekaning surya
Siji mbaka siji mlayu
Ilang ing pandulu
Nalika ngancik jam telu
Methuk tekane candhik ayu
Gumanti petenging ratri
Byar padhang bali nyokle endah sinawang
                Apa ya kadya konang urip iku
                Sing tansah murup lan mati
                Nututi tekane wengi
Ora…..
Ora, urip iku kudu tansah diisi
Makarya lan asung bulu bekti
Marang bumi pertiwi

Kaanggit kanggo anak-anakku anggota PLG JAGA BHUMI,SMAN 1 Salatiga


Jangka Jayabaya

Serat Jongko Joyoboyo
Ronggowarsito


JAMAN EDAN
Pancen amenangi jaman edan,
sing ora edan ora kaduman.
Sing waras padha nggragas,
sing tani padha ditaleni.
Wong dora padha ura-ura.
Begjane sing eling lan waspada.

Ratu ora netepi janji,
musna prabawane lan kuwandane.
Akeh omah ing ndhuwur kuda.
Wong mangan wong,
kayu gilingan wesi padha doyan rinasa
enak kaya roti bolu.

Yen bakal nemoni jaman:
akeh janji ora ditetepi,
wong nrajang sumpahe dhewe.
Manungsa padha seneng tumindak ngalah
tan nindakake ukum Allah.

Bareng jahat diangkat-angkat,
bareng suci dibenci.
Akeh manungsa ngutamakake reyal,
lali sanak lali kadang.
Akeh bapa lali anak,
anak nladhung biyunge.

Sedulur padha cidra,
kulawarga padha curiga,
kanca dadi mungsuh,
manungsa lali asale.
Rukun ratu ora adil,
akeh pangkat sing jahat jahil.

Makarya sing apik manungsa padha isin.
Luwih utama ngapusi.
Kelakuan padha ganjil-ganjil.
Wegah makarya kapengin urip,
yen bengi padha ora bisa turu.
Wong dagang barange saya laris, bandhane ludhes.

Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan.
Akeh wong nyekel bandha uripe sangsara.
Sing edan bisa dandan.
Sing mbangkang bisa nggalang
omah gedhong magrong-magrong.
Wong waras kang adil uripe nggragas lan kapencil.

Sing ora bisa maling padha digething.
Sing pinter duraka padha dadi kanca.
Wong bener thenger-thenger,
wong salah bungah-bungah.
Akeh bandha muspra ora karuwan larine.
Akeh pangkat drajat padha minggat ora karuwan sababe.

Bumi saya suwe saya mungkret.
Bumi sekilan dipajegi.
Wong wadon nganggo panganggo lanang.
Iku tandhane kaya raja kang ngumbar hawa napsu,
ngumbar angkara murka,
nggedhekake duraka.

Wong apik ditampik,
wong jahat munggah pangkat.
Wong agung kesinggung,
wong ala pinuja-puja.
Wong wadon ilang kawanitane,
wong lanang ilang kaprawirane.

Akeh jago tanpa bojo.
Wanita padha ora setya,
laku sedheng bubrah jare gagah.
Akeh biyung adol anak,
akeh wanita adol awak.
Bojo ijol-ijolan jare jempolan.

Wong wadon nunggang jaran,
wong lanang numpang slendhang pelangi.
Randha loro, prawan saaga lima.
Akeh wong adol ngelmu.
Akeh wong ngaku-aku,
njaba putih njerone dhadhu.

Ngakune suci, sucine palsu.
Akeh bujuk.
Wektu iku dhandhang diunekake kuntul.
Wong salah dianggep bener,
pengkhianat nikmat,
durjana saya sampurna.

Wong lugu keblenggu,
wong mulya dikunjara,
sing curang garang,
sing jujur kojur.
Wong dagang keplanggrang,
wong judhi ndadi.

Akeh barang kharam,
akeh anak-anak kharam.
Prawan cilik padha nyidham.
Wanita nglanggar priya.
Isih bayi padha mbayi.
Sing priya padha ngasorake drajate dhewe.

Wong golek pangan kaya gabah den interi.
Sing klebat kliwat,
sing kasep keplesed.
Sing gedhe rame tanpa gawe,
sing cilik kecelik.
Sing anggak kalenggak.

Sing wedi padha mati,
nanging sing ngawur padha makmur,
sing ngati-ati sambate kepati-pati.
Cina olang-aling kepenthung
dibandhem blendhung,
melu Jawa sing padha eling.

Sing ora eling
padha milang-miling,
mloya-mlayu kaya maling,
tudang-tuding.
Mangro tingal padha digething.
Eling, ayo mulih padha manjing.

Akeh wong ijir,
akeh wong cethil.
Sing eman-eman
ora kaduman,
sing kaduman
ora aman.

Selot-selote besuk
ngancik tutupe taun,
dewa mbrastha malaning rat,
bakal ana dewa
angejawantah,
apangawak manungsa.

Apasuryan padha Bathara Kresna.
Awewatak Baladewa.
Agegaman trisula wedha.
Jinejer wolak-waliking jaman,
wong nyilih mbalekake,
wong utang mbayar.

Utang nyawa nyaur nyawa,
utang wirang nyaur wirang.
Akeh wong cinokot lemud mati.
Akeh swara aneh tanpa rupa.
Bala prewangan, makhluk alus padha baris,
padha rebut bebener garis.

Tan kasat mata tanpa rupa,
sing mandhegani putra Bathara Indra,
agegaman trisula wedha.
Momongane padha dadi nayakaning prang,
perange tanpa bala,
sekti mandraguna tanpa aji-aji.

Sadurunge teka ana tetenger lintang kemukus dawa ngaluk-aluk,
tumanja ana kidul sisih wetan bener, lawase pitung bengi.
Parak esuk banter,
ilange katut Bthara Surya,
jumedhul bebarengan karo sing wus mungkur.
Prihatine kawula kelantur-lantur.

Iku tandhane putra Bathara Indra wus katampa
lagi tumeka ing ngarcapada,
ambiyantu wong Jawa.
Dununge ana sikile redi Lawu sisih wetan.
Adhedukuh pindha Raden Gathutkaca,
arupa gupon dara tundha tiga.

Kaya manungsa asring angleledha,
apeparab Pangeraning Prang,
tan pakra anggone anyenyandhang,
nanging bisa nyembadani ruwet-rentenge wong sapirang-pirang.
Sing padha nyembah reca ndhaplang,
cina eling, Syeh-syeh pinaringan sabda gidrang-gidrang.

Putra kinasih swarga Sunan Lawu,
ya Kyai Brajamusthi,
ya Kresna,
ya Herumurti,
mumpuni sakehing laku,
nugel tanah Jawa kaping pindho.

Ngerehake sakabehing para jim,
setan, kumara, prewangan.
Para lelembut kabawah prentah
saeka praya kinen abebantu manungsa Jawa.
Padha asenjata trisula wedha,
kadherekake Sabdopalon Nayagenggong.

Pendhak Suro nguntapake kumara,
kumara kang wus katam nebus dosanira,
kaadhepake ngarsane kang Kuwasa.
Isih timur kaceluk wong tuwa,
pangiride Gathutkaca sayuta.
Idune idu geni, sabdane malati, sing bregudul mesthi mati.

Ora tuwa ora enom,
semono uga bayu wong ora ndayani.
Nyuwun apa bae mesthi sembada,
garise sabda ora gantalan dina.
Begja-begjane sing yakin
lan setya sabdanira.

Yen karsa sinuyutan wong satanah Jawa,
nanging pilih-pilih sapa waskitha pindha dewa.
Bisa nyumurupi laire embahira,
buyutira, canggahira, pindha lair bareng sadina.
Ora bisa diapusi
amarga bisa maca ati.

Wasis wegig waskitha
ngreti sadurunge winarah,
bisa priksa embah-embahira,
ngawuningani jaman tanah Jawa.
Ngreti garise siji-sijining umat,
tan kalepyan sumuruping gegaman.

Mula den udia satriya iki,
wus tan bapa tan bibi,
lola wus aputus wedha Jawa.
Mula ngendelake trisula wedha,
landhepe trisula :
pucuk arupa gegawe sirik agawe pepati utawa utang nyawa.

Sing tengah sirik agawe kapitunaning liyan,
sing pinggir tulak talak colong jupuk winaleran.
Sirik den wenehi ati melathi, bisa kasiku.
Senenge anyenyoba, aja kaina-ina.
Begja-begjane sing dipundhut,
ateges jantrane kaemong sira sabrayat.

Ingarsa begawan wong dudu pandhita.
Sinebut pandhita dudu dewa.

Sinebut dewa kaya manungsa,
kinen kaanggep manungsa sing seje daya.
Tan ana pitakonan binalekake,
tan ana jantra binalekake.

Kabeh kajarwakake nganti jlentreh
gawang-gawang terang ndrandang.

Aja gumun aja ngungun,
yaiku putrane Bathara Indra kang pambayun,
tur isih kuwasa nundhung setan.
Tumurune tirta brajamukti, pisah kaya ngundhuh.

Ya siji iki kang bisa njarwakake
utawa paring pituduh jangka kalaningsun.

Tan kena den apusi
amarga bisa manjing jroning ati.
Ana manungsa kaiden katemu,
uga ora ana jaman sing durung kalamangsane.

Aja serik aja gela
iku dudu waktunira,
ngangsua sumur ratu tanpa makutha.
Mula sing amenangi gek enggala den luru,
aja nganti jaman kandhas.
Madhepa den amarikelu.

Begja-begjane anak putu, iku dalan sing eling lan waspada,
ing jaman Kalabendu nyawa.
Aja nglarang dolan nglari wong apangawak dewa,
dewa apangawak manungsa.
Sapa sing ngalang-ngalangi bakal cures ludhes sabraja dlama kumara.
Aja kleru pandhita samudana, larinen pandhita asenjata trisula wedha.

Iku paringe dewa.
Ngluruge tanpa wadyabala.
Yen menang datan ngasorake liyan.
Para kawula padha suka-suka
amarga adiling Pangeran wus teka.
Ratune nyembah kawula, agegaman trisula wedha.

Para pandhita ya padha ngreja,
yaiku momongane Kaki sabdopalon sing wus wirang nanging kondhang
genaha kacetha kanthi njingglang nora ana wong ngresula kurang
hiya iku tandane kalabendu wis minger centi wektu jejering kalamukti
andayani indering jagad raya padha asung bekti

sengkuni

Sengkuni utawa Sakuni iku patih ing Ngastina. Sengkuni putrane Prabu Kiswara/Suwala/ Suprala. Sedulure ana papat, yaiku Prabu Gandara, Dewi Gendari, Harya Sarabasata, Harya Gajaksa.
Sesebutan liyane kajaba Seng¬kuni, Harya Suman, Trigan¬talpati, Suwalaputra. Sengkuni mapan ing Plasajenar. Gar-wane Sengkuni nama Dewi Sukesti. Peputra Arya Antisura, Arya Surabasah, Ian Dewi Antiwati. Dewi Antiwati dadi garwane Patih Udawa, pepatih ing Dwarawati.
Miturut crita, Sengkuni iku panjalmane Bathara Dwapara, dewa pangrusak, mungsuhe kautaman. Mula sengkuni iku watake culika, licik, drengki, srei, murang tata, waton sulaya, Ian seneng laku cidra.
Nom-noman Sengkuni aran Trigantalpati, satriya sing bagus. Wujude dadi elek, cangkeme mewek, marga disuwek¬suwek dening Patih Gandamana. Wektu samana padha-padha suwita ing Ngastina. Sengkuni kepengin dadi patih. Patih Gandamana, patihe Prabu Pandhu, dipaeka (difitnah) dening Sengkuni. Gandamana  sing dijeblungake sumur, dikrutuk gegaman Ian watu, banjur diurugi. Gandamana ora mati, males marang Sengkuni, banjur dijuwing-juwing kuwandhane.
Nalika Dewi Gendari dadi prameswarine Prabu Dhestarata, Sengkuni dadi patihe. Kalungguhane patih langgeng nganti jumenenge Prabu Duryudana (putrane Dhestarata karo Gendari). Kanthi rekadayane Sengkuni, Kurawa tansah kepengin nyirnakake Pandhawa.
Ing Bharatayuda, kabeh senapati wis gugur (Bhisma, Karna, Durna, Salya), Duryudana bingung, nggetuni lelakone mung amarga kena pambujuke patihe ya Sengkuni. Sengkuni maju perang, nglepasake panah dadi ula maewu-ewu. Akeh para prajurit Pandhawa mati kacokot ula. Janaka mateg aji maruta, angin tumiyup nyingkirake ula-ula mau. Sengkuni pancen sekti, ora empan kabeh sanjata. Janaka kalah. Wrekudara bingung kabeh kadigdayane, aji-ajine ora bisa mateni Sengkuni.
Kresna minangka titising Wisnu mangerti apa sebabe. Kabeh awake Sengkuni tau dilaburi lenga tala mula ora empan senjata. Dena sing ora kelaburan mung papan buwangane. Sawise mangerti pengapesane, Werkudara enggal nyandhak Sengkuni, diwalik awake, dalan buwangane disuwek nganggo kuku Pancanaka. Sengkuni mati sanalika.
Wosing budi pekerti :
1. Ngundhuh wohing pakarti. Sing biasa tumindak ala bakal nemoni ala, sing nandur kabecikan bakal ngundhuh kabecikan. Mula padha-padha tumindak, ayo padha tumindak sing becik, aja kaya Sengkuni.
2. Aja seneng mitenah, wekasane mung gawe bubrah.
3. Singkirana tumindak culika, licik, drengki, srei, murang tata, waton sulaya, Ian seneng laku cidra!
4. Sing tumindak ala bakal cilaka. -Tumindak becik kang bakal mulya.

SUGENG RAWUH

ANAKKU SING BAGUS DHEWE
Kaanggit dening: Anis Taflihiyah

Thole….
Anakku sing bagus dhewe
Aja gumun gebyaring donya
Aja kentir ilining hawa
Ing tembe baka l ana kedadean
Kang angel milah lan milih
Endi sing abang endi sing biru
                Sangua budi lan pangati-ati
                Agama sing kok ugemi
                Nganti  ginawa mati
                Kuwi kang  bakal nulungi
Thole anakku….
Endahing donya ora sepira
Tansah elinga lan waspada
Urip iku papan coba lan rubeda
                                Sl3,5 April 2007
                (Djaka Lodang Edisi April 2010)