Prabu Sentanu

Prabu Sentanu narendra ing Ngastina dhuk ing nguni kagungan klangenan mbebedhag menyang alas.Meh ora ana dina senggang, panjenengane tansah tindak mbeburu sato wana.Sawijining dina anggone mbebedhag nganti adoh pangoyaking kidang menjangan. Wusa tindake sang Prabu kesasar ing salah sawijining papan kang asri lan ngelam-lami, prenahe ing gisiking kali Gangga. Iku jebul papan palereman kanggo sumene para hapsari. Dumadakan sang Prabu uninga sawijining kenya kang banget sulistyaning warna, pindha Bathari Sri ngejawantah. Netrane kocak lindri-lindri nenggih ndamar kanginan. Dedege ngringin sungsang, kulit kuning kadi mas sinangling, waja rata lir miji timun, lathi manggis karengat, pipi nduren sajuring, lamun terus kacandra bisa kentekan ukara turah rupa.Mula saking gumune sang Prabu nganti kedhep tesmak panyawange. Kagawa banget kasengseme, tansah njejegreg pindha tugu sinukarta.

Kosok balene sang Kenya uga mengkono, awit saka kepranan dening sang bagus, panyawange nganti ndomblong tan kedhep nganti kamitenggengen. Putri mau wujude widadari kanthi kekasih Dewi Gangga iya Dewi Setyawati. Gelising crita Dewi Gangga banjur kaboyong menyang Ngastina dadi jatukramane sang Prabu jumeneng Prameswari, patutan putra wolu lanang kabeh, nanging mung urip siji kang waruju dijenengi Raden Ganggadatu utawa Dewabrata. Ing perang Baratayuda Jayabinangun jumeneng senopati mbelani para Kurawa kanthi peparap Sang Maharsi Wara Bhisma.

0 Response to "Prabu Sentanu"

Posting Komentar