materi bahasa jawaku
WARTA (BERITA)
Warta iku duweni informasi kang migunanu tumrap kang maca utawa kang ngrungokake. Mula iku anggone maca sawijining warta kudu kanthi patitis, apamaneh yen macakake warta kanggo wwwong liya, kudu nggatekake kedal, lagu, lan pangucapan kang trep. Supaya warta iku bisa katampa dening kang ngrungokake anggone maca ja banter-banter lan kudu nganggo sikap maca kang bener.
Para siswa bisa ndelok acara warta neng televise supaya ngerti kepriye maca warta kang apik iku. Lungguhe kanthi jejeg lan pandengane mripat ana ing ngarep. Suarane kudu cetha laqn bisa dimangerteni dening pamirenge.
Nggawe pawarta
Gawea pawarta utawa berita bab kedadeyan sing lagi wae dumadi. Upamane banjir ing Wasior, Merapi njeblug, Barrack Obama ‘pulang kampung’, lan prastawa-prastawa liyane sing mentas bae dumadi sing kokrungu utawa sing langsung koksipati(pancen weruh dhewe). Gawenen nganggo basa padinan/dialekmu.
Dene cengkorongane kanthi prasaja kurang luwih mangkene:
1. Apa isine warta
2. Sapa sing diwartakke (misale sapa sing ketaman prakara kuwi)
3. Kedadeyane kuwi kapan
4. Ana ing ngendi kedadeyane
5. Geneya kok dumadi
6. Kepriye dumadine
0 Response to "materi bahasa jawaku"
Posting Komentar