Materi Bahasa Jawaku
PIDHATO
1.Nuwun/assalamu'alaikum
2.a. Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah, ingkang pantes sinudarsana Bapak saha Ibu guru, ingkang kinurmatan bapak tuwin Ibu karyawan, para siswa SMAN1 Salatiga ingkang kula tresnani
b. Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengna ngunjukaken sukur, puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Mahawikan. Imggih awit saking sih nugraha sarta berkahipun, kula lan pamjenengan saged pinanggih wonten ngriki kanthi bagya mulya, kalis ing sambekala boten kirang setunggal menapa.
c. Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya, ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh panjenengan saged ndamel regenging swasana. Awit saking menika, kula ngaturaken agenging panuwun. Boten kesupen, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng Bapak kepala Sekolah ingkang sampun paring idi palilah murih kaleksananipun sedya pengetan ambal warsa SMA ingkang kaping....menika. Ugi kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng para Bapak saha Ibu Guru sumrambah para Karyawan ingkang kepareng paring eguh pratikel murih pratitising adicara. Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng para siswa SMA1 ingkang asung mbyantu ngantos adicara punika saged lumampah.
3.a. Para bapak, Ibu, sarta kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya, kados sampun kauningan ing ngakathah bilih rikala tanggal 28 oktober 1953 srkolah punika manggen ing ngriki.
b. Dene wosing gati wigatosing perlu, panjenengna kasuwun rawuh ing pahargyan punika saperlu mengeti dinten ingkang mirunggan punika. wondene ancas ingkang kinandhut, mugi-mugi pahargyan punika saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ngandelaken tekad majengaken panggulawentah umumipun, ningkataken prestasi sekolah tuwin akhlakipun para siswa mliginipun.a
4.a. Menggah wedharan sajangkepipun mungguhing pengetan ambal warsa SMA1 dalah adicara kang gegayutan kaliyan pengetan punika badhe kababar dening panjenenganipun Bapak Kepala sekolah. Mugi-mugi kanthi wedharan punika mangke, mliginipun para siswa tumanggap ing karya bilih labuh lebetipun para sesepuh tuwin alumni SMA rikala semanten sanyata boten entheng. Ingkang tundhonipun saged nglajengaken semangatipun, pangurbananipun. Boten babad wana awrat, boten ugi damel margi tumuju ing sekolah, nanging alelandhesan pikir ngukir sekolah ingkang majeng, ing babagan prestasi punapa dene akhlak
b. Awit saking punika , kula nyuwun dhumateng panjenenganipun Bapak kepala Sekolah kersaa paring wedharan pengetan ambal warsa dinten punika.
5. Ing wasana, sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara. Namung kemawon, mbokbilih lampahing adicara kirang mranani penggalih panjenengan, panitya nyuwun pangaksami. Dene kula pribadi nyuwun lumunturing sih pangaksami menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra.
6. Nuwun. Matur nuwun.
Tanggap wacana pengetan ing ndhuwur iku nyakup: salam pambuka, purwaka basa, surasa basa, pangarep-arep, wasana basa, lan salam panutup. Supaya wedharaning tanggap wacana bisa rancag, gangsar, lan lancar, kudu kerep gladhen luwih dhisik. dene gladhen kang sanyata kudu diwiwiti saka wedharing gagasan. Supaya wedharing gagasan bisa urut runtut, kudu digawe cengkorongane luwih dhisik.
Tuladha tanggap wacana ing ndhuwur, cengkorongane mangkene.
1. Salam pambuka
2. Purwaka basa
a. Atur pakurmatan
1. Bapak Kepala Sekolah
2. Bapak lan Ibu Guru
3. Bapak lan Ibu Karyawan
4. Para mitra sesama siswa
b. Pangajak puja-puji
1, pribadi
2. para rawuh
c. Atur panuwun
1. Para rawuh
2. Para panjurung
3. Para panyengkuyung
3. Surasa Basa
a. Wedharan sawetara
1. prastawa pengetan ambal warsa
2. Dhasaring pahargyan
b. Wosing gati wigatining perlu
1. Kasuwun rawuh
2. Ancas tumapaking adicara
4. Pangarep-arep
Gegayutan karo pengetan ambal warsa
1.Nulad semangate para sesepuh lan alumni SMA
2.Njumbuhake karo jaman saiki
5. Wasana basa
Nyuwun pangapura
a. bab adicara
b. bab solah bawa
c. bab tata tembung
6. Salam penutup
0 Response to "Materi Bahasa Jawaku"
Posting Komentar